Sunday, 24 April 2016

Dinten Sumpah Pemuda





Assalamu’alaikum Wr. Wb.
Salam kasugengan, tuwin salam kawilujengan mugi tansah kajiwa kasarira dhumateng kula sumawa panjenengan sedaya Aamiin.
Panjenenganipun bapk Puji pangarsanipun pawiyatan SMP IIS PSM ingkang satuhu kula bekteni lan kurmati;
Bapak Ibu guru sarta staff pawiyatan SMP IIS PSM ingkang saestu pantes sunuba ing pakurmatan;
Miwah kanca-kanca siswa kelas 7, 8, sarta 9 SMP IIS PSM ingkang kula tresnani. Matur nuwun awit paringipun wekdal dhateng kula, saperlu badhe ngaturaken pengetan sumpah pemuda. Ananging sakderengipun Langkung rumiyen mangga kula dherekaken ngaturaken puji syukur dumateng Allah SWT ingkang sampun paring mapinten-pinten kanikmatan dumateng kula panjengan sami, saengga wonten wekdal einjing menika kita saged makempal lan manunggal wonten papan punika kanthi wilujeng.

Salawat saha salam mugi tansah katetepna dhumateng Nabi junjungan kita Nabi Agung Muhammad SAW, ingkang kita wantu-wantu syafaatipun isa mangkih wonten ing yaumul kiyamah, allohuma amin.

Sagung para rawuh ingkang kinurmatan, sumpah pemuda dados satunggaling kedadean ingkang saestu sae sanget kagem persatuan bangsa Indonesia. Kados sejarah ingkang kaserat, bilih sumpah pemuda menika satunggaling peristiwa ageng ingkang kedadean ing tanggal 28 Oktober tahun 1828. Mila saking menika diten tanggal 28 Oktober 2016 menika kula panjengan sami mengeti . satunggaling peristiwa sejarah nun injeh “hari sumpah pemuda”. Ewondhene isi saking sumpah pemuda menika kanthi bahasa Indonesia mekaten:
  1. Kami poetra dan poetri Indonesia, mengakoe bertoempah darah jang satoe, tanah Indonesia.
  2. Kami poetra dan poetri Indonesia mengakoe berbangsa jang satoe, bangsa Indonesia.
  3. Kami poetra dan poetri Indonesia mendjoendjoeng bahasa persatoean, bahasa Indonesia.”
Saking isi sumpah pemuda menika saget kita sedaya tingali bilih persatuan ugi perjoangan bangsa Indonesia milai wekdal punika langkung prayogi lan langkung sae. Milai wekdal menika ugi perjoangan kang sakderengipun ngrupikaken perjoangan kedaerahan lan suku dados perjoangan sedaya rakyat Indonesia. Sinaosa Indonesia ngrupiaken negara kanthi kepulauan ananging sami anggadahi sikap persatuan ugi kesatuan nun injih kados menapa ingkang kaucap wonten sumpah pemuda kewau.

Kula saha kanca-kanca sedaya ingkang sakmenika dados siswa SMP IIS PSM saestu dados satunggaling generasi penerus, ingkang badhe nurusaken perjuangan para pemuda. Semanten ugi bilih anggen kula panjengan sami sesrawungan ampun gampil jotakan utawi kerengan satunggal lan satunggale. Bilih kita anamung saking babakan alit kemawon dados jotakan uga kerengan saestu menika satunggaling pratanda bilih sikap persatuan ugi kesatuan kita tasih kirang lan perlu kita dewasaaken.

Para rawuh ingkang bagya mulya, mila saking menika kula ngelengaken datheng awak kula piyambak ugi para rawuh sedaya kakung miwah putri kangeem nguri-uri persatuan uga kesatuan. Ampun gampil dipun adu dhomba utawi gampil dihasul anamung saking sakedik babakan kemawon.

Bapak ibu guru saha para rawuh ingkang kula kurmati, amergi wekdal ingkang kebatas kadhose kirang prayogi bilih kula kathah atur wonten papan punika mila saking menika cekap semanten atur saking kula kathah kalepatan atur ingkang kirang trapsila saestu kula nyuwun agunging pangaksami.

Wa bilahit taufiq wal hidayah.

Wassalamu’alaikum Wr. Wb.


No comments:

Post a Comment