Assalamu’alaikum warahmatullahi
wabarokatuh
Poro Bapak poro Ibu, hadirin sedoyo ingkang kulo hormati.
Puji syukur Alhamdulillah kaulo
aturaken dateng gusti Allah SWT. ingkang sampun maringi pinten-pinten anugerah
ingkang mboten saged kulo lan panjengean sedoyo itung katahipun, lan ugi sebab
ridlo lan irodah ipun Allah, wonten ing saat sa'meniko, kulo lan panjenengan
sedoyo sami-sami bermuwajjahah, pinanggih lan kempal sareng-sareng, wonten ing
puniko majelis ingkang penuh barokah, mengenang kembali peristiwa ingkang
bersejarah ingkang dipun alami dening Kanjeng Nabi Muhammad saw, inggih puniko
tepat tanggal 27 Rajab tahun 11 sangking kenabian, utawi sewelas tahun sa'
sampunipun Kanjeng Nabi nampi "SK" keangkat dados utusanipun Allah
SWT. Inggih puniko naliko Kanjeng Nabi yuswa 51 tahun.
Piyambakipun dipun timbali dening
Allah, dipun tindakaken isro mulai saking Masjidil haram (Makkah) ngantos
dumugi Masjidil Aqsa (Palestina). Selajeng Kanjeng Nabi mi'raj utawi dipun
unggahaken mawi kendaraan ingkang cepetipun kados kilat (buraq), saking
Masjidil Aqsa minggah dateng langit sap pitu ngantos dumugi Sidratul Muntaha,
perlu nampi perintah saking Allah SWT. kanjeng Nabi soho umatipun dipun wajibaken
nindakaken shalat gangsal wekdal.
Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo!
Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo!
Mangga wontenipun peringatan isra'
mi'raj saat meniko kita sambut kanthi giat ningkataken amal ibadah terutami
amal ibadah ingkang dados intinipun utawi hasilipun isra' mi'raj inggih meniko
ibadah shalat gangsal wekdal, supadosa kito terjaga saking sifat keji lan
munkar.
Kejawi saking menika, Kanjeng Nabi ugi dawuh wonten ing salah setunggilipun hadits:
اَلصَّلاَةُ عِمَادُ الدِّيْنِ، فَمَنْ أَقَامَهَا فَقَدْ أَقَامَ الدِّيْنِ، وَمَنْ تَرَكَهَا فَقَدْ هَدَمَ الدِّيْنِ **الحديث
Artosipun:
Solat iku dadi cagake agama, mula sapa wonge ngadegaken shalat berarti deweke ngadegake agama, lan sing sapa wonge ninggal shalat berarti deweke ngrubuhaken agama.
Solat iku dadi cagake agama, mula sapa wonge ngadegaken shalat berarti deweke ngadegake agama, lan sing sapa wonge ninggal shalat berarti deweke ngrubuhaken agama.
Poro Bapak poro Ibu hadirin sedoyo!
Dados
mekatenlah pentingipun sholat, wonten Agama Islam, saged dipun umpama'aken
minangka dados cagak atawa tiang, keranten sanget pentingipun sampun ngantos
kito meniko ngremehaken utawi ngendhe-ngendhe sholat, supados gesang kito
meniko selalu diberkahi dening Allah SWT. Amin.
Kintenipun cekap sementen atur kulo kirang langkungipun nyuwun agungipun pangapunten.
وَبِاللّٰهِ التَّوْفِيْقُ وَالْهِدَايَة
ُ
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهٗ
وَالسَّلاَمُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَكَاتُهٗ
No comments:
Post a Comment